MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA LENGKAP
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Basa ngoko lugu yaiku basa kang wujud tembunge ngoko kabeh.
Kang nggunakake:
1. Kanca marang kanca sing wis akrab.
2. Wong tuwa marang wong enom.
Tuladha:
Toni : “Sur, ngesuk ana tugas apa ora?”
Surti : “Ora ana, tapi aja klalen nggawa alat kebersihan.”
2. BASA NGOKO ALUS
Basa ngoko alus yaiku basa kang wujud tembunge ngoko karo tembung krama inggil (tembung kriya,tembung sesulih purusa lan perangane awak). Ater-ater lan panambange tetep ngoko.
Kang nggunakake:
1. Bocah karo bocah ngandhakake wong tuwa.
2. Bojo marang kakunge.
3. Wong tuwa marang wong enomsingdiurmati.
4. Guru marang tilas muride sing wis kulawarga.
Tuladha 1:
Ibu : “Lho Pak, arep tindak ngendi?”
Bapak : “Menyang Kelurahan, ditimbali Pak Lurah.”
Ibu : “Lha ngko kondure jam pira?”
Bapak : “kira-kira jam 5 nan.”
Tuladha 2:
Ibnu : “Zen, pan ngendi?”
Zeni : “Kiye, enyong didhawuhi Pak Guru njukut kapur.”
Ibnu : “Yuh maring koprasi disit tuku jajan?”
Zeni : “Emoh lah, ngko didukani Pak Guru, njukut kapur bae suwe nemen.”
3. BASA KRAMA LUGU
Basa krama lugu yaiku basa kang wujud tembunge kabeh krama. Ater-ater di dadi dipun, tak/dak dadi kula panambang e,ane dadi ipun utawa nipun, panambang ake dadi aken.
Kang nggunakake:
1. Basane bocah marang wong tuwa ngandhakake awake dhewe .
2. Basane bocah marang wong tuwa ngandhakake bocah liya.
Tuladha:
1. Budhe : “Her wis mangan durung?”
Heru : “Kula dereng nedha wau tumbas ponggol sampun telas.
2. Bu Guru : “Anggi…., Endang durung mlebu nang ngendi?”
Anggi : ”Endang nembe tumbas Antangin bu guru.”
4. BASA KRAMA ALUS
Basa krama alus yaiku basa kang wujud tembunge krama karo tembung krama inggil(tembung krama inggile ana ing tembung kriya, tembung sesulih purusa, lan perangan awak), ater-ater di- dadi dipun- , panambang -e, -ane dadi –ipun, panambang –ake dadi –aken.
Kang diowahi dadi krama inggil yaiku:
1. tembung kriya (kata kerja, bs Indonesia)
tuladha:
mangan → dhahar
tangi → wungu
adus → siram
2. tembung sesulih purusa (kata ganti orang, bs Indonesia)
tuladha:
aku → kula
kowe → panjenengan
3. perangan awak (bagian-bagian tubuh)
tuladha:
tangan → asta
sikil → samparan
sirah → mustaka
4. ater-ater:
di - → dipun -, tuladha:
dijaluki → dipunsuwuni
diwenehi → dipunaturi
disaponi → dipunsaponi
dak/tak- → kula, tuladha:
dakpangan → kula dhahar
dakjukut → kula pendhet
kok- → panjenengan, tuladha:
kokjukut → panjenengan pendhet
koktulis → panjenengan serat
- panambang:
-e → -ipun, tuladha:
tase → tasipun
ngomonge → ngendikanipun
-ne → -nipun, tuladha:
sapune → sapunipun
sepatune → sepatunipun
-ake → -aken, tuladha:
jukutake → pendhetaken
tukokake → pundhutaken
-mu → panjenengan, tuladha:
bukumu → buku panjenengan
omonganmu → ngendika panjenengan
Kang nggunakake:
1. Anak marang bapak ibune.
2. Murid marang guru.
3. Wong enom marang wong tuwa kang kudu dikurmati.
4. Pembantu marang majikane.
Tuladha 1:
Pak Guru : “Ton, koen mengko dadi ketua panitia perpisahan ya?”
Anton : “Inggih Pak. Kula nyuwun bimbinganipun supados lancar sedayanipun.”
Tuladha 2:
Bapak : “Tin, undhangan perpisahan sekolahmu kuwi kapan?”
Tini : “Benjang dinten Setu, tanggal 16 juni wanci jam 09.00 ngantos paripurna, Pak.”
Tuladha 3:
Sinta : “Mbah, panjenengan dipunaturi dhahar rumiyin.”
Simbah : “Simbah dhahare mengko wae, Nok. Padharane simbah isih krasa wareg.”
Komentar
Posting Komentar