GEGURITAN
KD: 3.1 Memahami teks geguritan.
GEGURITAN bisa diarani PUISI
JAWA yaiku puisi sing nggunakake basa jawa.
Puisi jawa ana loro, yaiku puisi jawa tradisional/gagrak
lawas lan puisi jawa gagrak anyar/geguritan modern.
1. PUISI JAWA/GEGURITAN
TRADISIONAL/GAGRAK LAWAS
Puisi jawa tradisional kaiket paugeran tartamtu kaya guru
gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Titikane geguritan tradisional/gagrak lawas
- Cacahing gatra (baris) saben sapada ora ajeg, sithike
patang gatra
- Cacahing wanda (suku kata/pocapan) saben gatra ajeg
- Dhong-dhinge swara ing saben pungkasane gatra runtut
- Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit
- Lumrahe isine piwulang/pitutur/nasehat
Tuladha geguritan tradisional:
Sun gegurit,
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha pemudhi
Srawunge sarwa ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng papa
Saben geguritan gagrak lawas mesti ana nasehat utawa
pesan moral saka pengarang. Tembang macapat kalebu geguritan tradisional/puisi jawa gagrak lawas, mung diwaca kanthi ditembangake.
Saka gaguritan mau bisa dideleng yen kahanan jaman saiki
pemudha-pemudhi srawunge/pergaulane tambah ndadi. Mula kudu ati-ati supaya ora
nerak laku susila/melanggar norma susila.
2. PUISI JAWA/GEGURITAN
MODERN
Geguritan modern yaiku puisi jawa gagrag anyar kang
panulisane ora kaiket dening paugeran tartamtu, ananging ngugemi rasa
kaendahan. Dadi geguritan
modern ora kaiket dening cacahing larikan,
cacahing pada, lan pilihan basa kang digunakake.
Paugeran
geguritan modern:
- Ora kaiket dening guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu.
- Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes lan apik.
- Kanggo nambah kaendahan bisa nggunakake purwakanthi
sawetara wae.
- Isi bisa pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran,
pangresah, pamundhut lan liya-liyane.
Titikane/ciri liyane:
- Basane endah, dudu basa padinan
- Tetembunge pilihan
- Sajak pungkasan mardika/bebas
- Ana kalane nganggo lelewane basa/gaya bahasa (ing
bahasa indonesia jenenge majas)
- Ing sajroning geguritan, akeh tembung sing kagurit
endah. Endahing tembung mau bisa awujud paribasan, bebasan atau saloka. Kanggo
mangerteni tegese basa endah ora bisa sawentahe ngono wae, nanging perlu mangerteni
teges pepindhan sing ana ing kana.
Tuladha Geguritan Modern
Damar
Bebrayan
Sabar
…
nalikane
aku nakal
tlaten
…
aku
ora paham-paham
Dukanana
wis lumrahe
nanging
ora…
kepara
esem pait madu ndudut ati
gawe
adhem siswa-siswi
ngendikane ngombak banyu
sregepa
luru ilmu
murih
uripmu piguna tumrap bebrayan
Tansah
takbundheli rina wengi
piweling
sejati migunani
emane…
aku
durung bisa caos piwales
kabeh
labuh labet panjenengane
uga
pangorbanane
matur
nuwun guru
STRUKTUR GEGURITAN
Struktur Lair (Sing Katon)
- Tipografi
Yaiku bentuk/blegere geguritan kang bisa dideleng
langsung. Maksude, geguritan panulisane ora nganggo paragraf kaya nulis
karangan liyane, nanging tiap baris ditulis sangisore.
- Imaji/panyitra
Yaiku nggunakake tetembungan kang duwe daya
panyitra/imajinasi
- Lelewane basa
Yaiku kaendahan tembung, ukara, lan basa (tembung kawi,
tembung entar, tembung saroja, majas, lsp)
- Purwakanthi
Yaiku tembung kang duwe swara runtut.
Struktur Batin/Intrinsik
- Tema
Tema
yaiku inti prakara kang diangkat ing geguritan. Tema kang bisa dienggo gawe
geguritan bisa maneka werna gumantung daya pikire penulise. Tema-tema kayadene
bab katresnan, kasusahan, kabegjan, ora ana entek digawe geguritan. Malah ana
ing perkembangan zaman, saiki uga ora sithik sing nguntabake kritik sosial
liwat geguritan
- Rasa/Wirasa
Yaiku pangungkape rasa panggurit/pengarang ing sajrone
gegurita, misal bungah, sedih, trenyuh
- Nada/Wirama
Yaiku nada sajroning geguritan
- Amanat
Yaiku piwulang, pitutur kang kaandhut/bisa dijupuk ing geguritan.
Tema, rima, gambaran pangindran lan
amanat kuwi mlebu ing unsur intrinsik. Dene pengrasa
panulis lan sebab musababe penulis nganggit sawijining geguritan pinangka unsur
ekstrinsik.
KD 4.1 Menulis lan maca geguritan
CARA NULIS
GEGURITAN
Dene
laku kang nggampangake kita nulis geguritan kayata:
1. Nemtokna tema, misal bab cinta utawa katresnan
2. Yen tema wis ditemtokake, banjur dimligikake
(spesifikasi)
3. Tema sing wis spesifikasi mau digawe cengkorongan
(kerangka karangan)
4. Saben cengkorongan mau diudhal, golek tembung-tembung
sing ana kaitane, banjur ditata ing larik-larik
5.Kanggo nambahi manise geguritan, gunakna purwakanthi,
diksi, utawa lelewane basa/majas
CARA MACA ENDAH GEGURITAN
1. Pas anggone munggah-mudhune
2. Bener sajrone medhot tetembungane.
Becike nalika medhot sauntara diwenehi tandha (/) lan kanggo sigeg diwenehi
tandha (//)
3. Mangerteni wos/isi geguritan kang diwaca
4. Praupan lan obahing awak yen bisa jumbuh
karo isi geguritan (ekspresi sesuai)
Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:
1.
Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2.
Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda),
upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda
(//).
3.
Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling
eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar,
bisa uga lambang utawa gegambaran, banjur
nggancarake/dialihbahasakan nganggo basamu dhewe.
4.
Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang
kepingin disampekake marang pamaca.
5.
Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang
dimangerteni.
Saiki Wektune
Ayo kanca
ngudi ilmu ungguling cipta (nggolek ilmu supaya unggul
ing cipta)
leladi
nusa bangsa (ngabdi marang nusa bangsa)
kuwawa
ambyuk majuning jaman (kuat ketekan/kegerus majune jaman)
sababag
bangsa liya (sebanding/setara karo bangsa/negara liya)
Ayo
kanca
eling
pesen dwija (emut pesene guru)
gladhi
seneng patrap utama (seneng latihan, sikap utama)
ngudi
ungguling rasa (nggolek unggule rasa)
ngurmati
mring sasama (ngurmati marang sapadha-padha)
Ayo
kanca
gladhi
trampil makarya (latian trampil makarya)
mrih
ungguling karsa (supaya unggul ing daya/kekuatan saka jiwa)
saiki
wektune
abota
kudu di lakoni
Cipta,
rasa, karsa santosa
agawe
bungahing ati (gawe ati seneng)
rama
ibu cahyane sumunar (bapak ibu bungah)
putrane
wus mandhireng dhiri (anake wis mendiri)

Nama: Wajidatun mukhayyaroh
BalasHapusKelas:9e
No.absen: 28
Nama:Refida Maura Widodo Putri
BalasHapusKelas:9G
Absen:25
Nama: Rani Safitri
BalasHapusKelas :9e
Absen:22
Nama:widea destalia.p.
BalasHapusKelas:9f
No absen:30
Nama:vivi indah sari
BalasHapusKelas:9e
No.absen:27
Nama: Fitrianti Nurul Khofifah
BalasHapusKelas:9G
No.@:11
Nama :Lisa Febiyanti
BalasHapusKls :9A
No@ :11
Nama:Cindy Novita Ryani
BalasHapusKelas:9B
No.Absen:05
Nama: analisa syabania
BalasHapusKelas:9b
No absen:01
Nama: Arfana Zulmi p
BalasHapusKls: 8D
No Ab: 03
#maturnuhun
Nama:SindiSeptiani
BalasHapusKelas:9h
Absen:25
Nama:putri nurrizki
BalasHapusKelas:9B
No a: 23
Nama : Silvi Fitria
HapusKelas : 9E
No.absen : 24
Nama: Nurzaskia Kirani Pratiwi
BalasHapusKellas:9E
Absen:20
Nama:Aqnah Anindya Tsaqif
BalasHapusKelas:9i
No absen:05
Nama:Rosiana Dewi Amaliyah
BalasHapusKelas:9i
No.@:21
Nama:Rina Nur Aisah
BalasHapuskelas :9G
No absen :27
Nama:Nanda Nurul Aisyah
BalasHapusKelas:9i
No.@:18
Nama:Devianti krtika
BalasHapusKelas:9H
No.absen :05
Nama:Nok Karlinna hidayah
HapusKelas:9F
No.@:24