Ayo diwaca lan dipahami apa bedhane homonim, homograf, lan homofon! HOMONIM Homonim yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda. (Tulisan dan bunyi/pengucapan sama, yang beda hanya artinya) Tuladha Homonim: - Mengko yen ibu duka kepriye, mbak? (nesu) - Bocah ditakoni kok mung duka bae, sebel aku! (embuh) - Ning ndalan akeh bledug , marai pagerku cepet kotor. (lebu/debu) - Bledug kuwi nembe lair wingi sore. (anak gajah) - Tembang macapat kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. (paugeran) - Dadi guru kuwi kudu bisa digugu lan ditiru. (wong kang mulang) - Pan tinuku tawa rega. (njaluk rega) - Wedhange tawa , klalen ora diwenehi gula. (langka rasane) - Mbah Mulyo yuswane wis 91 nanging isih sugeng lan rosa. (sehat, urip) - Sugeng siyang Bu Guru. (slamet) - Adhik duwe golek...
Komentar
Posting Komentar