ARANE PEGAWEAN
1. Tulis ing buku tulis arane pegawean iki!
Blandhong
: Tukang negor kayu.
Blantik : Tukang dol tinuku kewan.
Carik : Juru tulis kalurahan.
Dhalang : Tukang nglakokne lan nyritakne wayang.
Gamel : Tukang ngopeni jaran.
Gerji : Tukang ndondomi klambi, penjahit.
Jagal : Tukang nyembelih rajakaya (kewan).
Jlagra : Tukang natah watu utawa gawe barang saka watu.
Kemasan : Tukang gawe barang saka emas/inten.
Pakathik
: Tukang nuntun jaran.
Pandhe : Tukang gawe barang saka wesi.
Pasindhen : Wong kang nembang bareng gamelan.
Sayang : Tukang gawe barang saka tembaga.
Srati : Tukang ngopeni gajah.
Undhagi : Tukang gawe bekakas saka kayu.
Sekater: Wong
sing pegaweane neksir rega barang ing pegadhean.
Apoteker: Tukang
ngracik obat ing apotek.
2. Kerjakna soal ing Buku Pendamping Halaman 20. H. Nomer
1-10
Isinen
cecek-cecek ing ngisor iki nganggo arane pegawean yang cumawis!
1. Mas Budi
kae lulusan … mugane tugase nang rumah sakit nggal dina ngracik obat.
2. Pacule
bapane wis kethul mana gawanen maring … endah disepuh maning.
3. Wong-wong
nang pinggiring alas jati gemiyen akehe dadi … negori wit-wit jati.
4. Damarwulan
dimein pegawean dadi … nggal dina ngopeni jaran.
5. Nang Desa
Adiwerna akeh … kang sukses dadi pengusaha konveksi malah kosih njaban pulo kirim sandhangane.
6. Kowen
mengko ari sida piknik maring Borobudur bakal weruh … lagi natahi watu nang
pinggir dalan gawe reca utawa wewangunan liyane.
7. Gemiyen nang
Desa Pagongan ana … nggal dina gawe gelang, kalung, ali-ali seka emas.
8. Bagus diangkat
dadi … nang kantor pegadhean, pegaweane neksir rega barang sing pan digadhe.
9. …. kuwi
bandel nemen, belih wedi ya ngopeni gajah gedhe nemen kaya kuwe.
10. Wah … kuwe suwarane pancen nggelik-nggelik temenan
sing ngrungokena padha senengen.
Pilihan
Wangsulan:
a. kemasan f. jlagra
b. gamel g. apoteker
c. sekater h. blandhong
d. pasindhen i. gerji
e. pandhe j. srati
(Wangsulan
langsung digarap ing Buku Pendamping Hal.20)

Komentar
Posting Komentar