PARIKAN



Parikan yaiku unen-unen mawa paugeran, yaiku;

1.    Unen-unen cacah rong gatra nggunakake puwakanthi swara ing pungkasaning gatra.

2.   Gatra kapisan minangka purwaka (pambuka) dene gatra kapindho minangka isi (inti).

3.  Parikan uga diarani PANTUN BASA JAWA.



Tuladha :


a.    Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda + 4 wanda) x 2

*      Iwak bandeng durung payu,

Priya nggantheng sugih ngelmu.

*      Wajik klethik, gula jawa,

Luwih becik sing prasaja.


b.    Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda + 6 wanda) x 2

*      Manuk emprit, menclok godhong tebu,

Dadi murid, sing sregep sinau.

*      Wedang jeruk, tambahana gula,

Ja sok umuk, sombong tanpa guna.


c.    Parikan kang kadadeyan saka (8 wanda + 8 wanda) x 2

*      Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu,

Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut sinau.

*      Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula,

Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa


(Materi iki ditulis ing buku catetan!)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA LENGKAP

GEGURITAN

HOMONIM HOMOGRAF HOMOFON ING BASA JAWA