PEKSI JATAYU SANG GARUDHA WICAKSANA
Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang kagungan watak wicaksana
lan tansah eling marang Sang Hyang Agung, mula banjur ajejuluk Resi. Resi
Jatayu yaiku putrane Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri
yaiku putrine Dewa Brahma mula, kena disimpulake yen Resi Jatayu iku wayahe
Dewa Brahma.
Resi Jatayu kagungan sedulur telu
yaiku Garudha Harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika
isi timur kekancan raket banget karo Raja Ayodya ya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake
Prabu Rama. Mula nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi
Jatayu paring pitulungan.
Nalika kuwi Dewi Sinta ditinggal dhewekan amarga Lesmana nggoleki Raden Rama. Rahwana teka nyedhaki panggonane Dewi Sinta kanthi memba-memba sawijining pandhita sing keluwen . Kanthi swara kang memelas Rahwana nyuwun tetedhan marang Dewi Sinta. Dewi Sinta medal saka pager gaib sing digawe Raden Rama, ngulungake tetedhan marang pandhita mau. Manuk emprit mangan suket, kanthi gesit cekat ceket Rahwana nyekel astane Dewi Sinta. Dewi Sinta mbengok sarosane mbudidaya uwal saka cengkremane Rahwana. Rahwana mbopong Dewi Sinta mabur sandhuwuring wana.
Saka pucuking wit sing paling
dhuwur, Resi Jatayu ngabruk Rahwana. Oleh serangan sing ora kanyana-nyana
Rahwana dadi waspada. Rahwana ngendhani banjur males serangane Resi Jatayu.
Resi Jathayu kaantem swiwine nganti sengkleh. Resi
Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana, prasasat kadya walang menclok pager,
berjuang mbela sing bener. Resi Jatayu tetep ora kuwawa nglawan malah genten diajar
dening Rahwana. Resi Jatayu sing swiwine sengkleh akhire tiba ana ing
lemah. Napase melar mingkus nahan sakit.
Ing
liya papan, amarga ora kasil mbujeng Kidang Kencana, Prabu Rama lan Laksmana
banjur kondur maring papane Dewi Sinta. Sapira kagete bareng pirsa Dewi Sinta
ora ana ing papan sakawit. Prabu Rama duka banget, nanging bisa dilipur
Laksmana saengga bisa lilih. Kekarone nerusake lampah nglacak nggoleki Dewi
Sinta kanthi ngubengi alas Dhandaka.
Lagi
nggoleti, akhire ketemu peksi Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi,
ananging kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe
seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik
dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu seda.
Rama matur nuwun
banget maring Peksi Jatayu. Sawise ngreksa layone Jatayu, Prabu Rama lan
Laksmana nerusake lampah. Ing tengah dalan ana sing atur pamrayoga supaya Prabu
Rama lan Laksmana minta sraya marang rajaning wanara aran Anoman.
(Kapethik kanthi
owah owahan saka http;//www.sinaujawa.com)

Komentar
Posting Komentar