UKARA PAKON/HAGNYA & UKARA SAMBAWA
1.
UKARA PAKON/HAGNYA
yaiku
ukara kang nggunakake tembung-tembung kang oleh panambang “-a, -na, - ana” surasane awujud pakon utawa
prentah marang wong liya supaya nindakake pakaryan kaya kang dikarepake sing
kongkon.
Ukara pakon bisa diarani ukara prentah/kalimat perintah.
Tuladha:
-
Adusa dhisik terus sarapan.
(Adusa tegese akon
supaya adus.)
-
Sinaua sing sregep supaya pinter.
(Sinaua tegese akon
supaya sinau.)
-
Mangana sing akeh supaya cepet
sehat.
(Mangana tegese akon
supaya mangan.)
2. UKARA SAMBAWA
yaiku ukara nggunakake
tembung-tembung kang oleh panambang “a, na, ana” kang tegese: umpama (seumpama,
seandainya), sanajan
(meskipun), pengarep-arep,
muga-muga, mokal.
Tuladha:
-
Udana ya sing deres ben parine lemu.
(Udana tegese muga-muga
udan.)
-
Dituturana bola-bali yen ora nggatekake ya percuma.
(Dituturana tegese sanajan/meskipun dituturi.)
-
Mangana mau-mau aku ora didukani ibu.
(Mangana tegese umpama mangan mau-mau.)

Komentar
Posting Komentar