MATERI ANOMAN DUTA KELAS IX SEMESTER GASAL
Raja Kiskenda Sugriwa asmane ngutus marang
Anoman supaya golek sisik melik ing ngendi
dununge lan kepriye kahanane Dewi Sinta garwane Prabu Rama. Awit wis
salapan dina durung krungu kabar wartane. Anoman mireng dhawuhe pamanipun sendika dhawuh ngestokake dhawuhe. Malah
Anggada putra Sugriwa uga arep melu ndherekake tindake Anoman dikantheni para
tantra kethek. Sadurunge budhal Prabu Rama maringake ali-aline marang Anoman,
supaya mengkone Dewi Sinta ora
mangu-mangu menawa Anoman iku minangka utusane Rama. Rama uga paring pitutur
luhur aja ninggalake yitna yuwana lena kena jalaran akeh bebaya kang bakal
diadhepi sajroning ngupadi papan dununge Dewi Sinta.
Ing tengahing laku Anoman dalah wadya tantra
kang dipandhegani Anggada ketemu sadulure manuk Jatayu yaiku Sampati. Sampati
matur manawa Dewi Sinta kagawa mabur didhusta dening Rahwana Raja Alengka sing awatak angkara murka. Sabanjure Sampati atur
pirsa ancer-ancer papan dununge Nagara Alengka kang rajane adigang adigung adiguna. Anoman banget
anggone ngaturake panuwun marang Sampati
sing wis atur pirsa. Sabanjure Anoman lan wadya
bala tantra mbacutake laku tumuju Alengka manut ancer-ancere kang diaturake
dening Sampati.
Papan dununge Negara Alengka ana sabrange
segara kang ombake gedhe dhuwure sagunung. Ndeleng gulung-gulungan ombak sing
dhuwure sagunung nyedhaki pinggire laut, para tantra kethek atine miris
kairis-iris nangis jroning batin bisa apa ora nyabrang segara kang akeh
bebayane iki. Sawise suwe ing pinggire sagara, Anoman, Anggada lan para prajurite rembugan
golek akal supaya bisa nyabrang laut. Asile
pirembugan Anoman dhewe sing arep nyabrang ing Alengka kanthi cara malumpat
saka pucuking Gunung Mahendra. Anoman kasil malumpati sagara tiba ing bukit. Saka dhuwur bukit Nagara Alengka katon
kinupengan benteng lan dijaga dening
prajurit awan bengi.
Sanajan wis bisa mlebu tlatah Alengka, Anoman puteg pikire awit
wiwit sakawit durung ketemu kang den upadi. Dumadakan nyawang ana wewangunan
gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati, apa
iki arane Taman Argosaka. Anoman
mereki banjur mlumpat ana wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon
wanodya ayu kang sarirane kuru aking, nglosot ing lemah. Gelungane ucul ora
dirawat, gimbal campur kisma. Lamat-lamat keprungu pisambate kang banget
ngeres-eresi.
Ing Taman Argasoka Dewi Sinta tinunggonan Niken
Trijatha putrine Gunawan Wibisana ora liya keponakane Dasamuka. Niken Trijatha
kang tansah atur panglipur kanthi tetembungan kang ruruh ririh rereh raras.
Saben-saben keprungu pisambate Dewi Sinta kang ngangen-ngangen rawuhe Sri Rama,
Niken Trijatha kang awatak asah asih asuh tansah caos panglipur marang Sang
Dewi
Anoman mudhun saka wit nagasari sawise
mesthekake menawa wanodya kang tansah sesambat lan tansah angen-angen rawuhe
Rama iku Dewi Sinta. Anoman banjur matur menawa diutus Ramawijaya minangka
bukti Anoman ngaturake ali-aline Ramawijaya. Anoman nyaritakake laralapane Rama anggone ngupadi Dewi Sinta
nganti ketemu karo Sugriwa lan Anoman. Semono uga Dewi Sinta nyaritakake
lelakone wiwit nalika kacidra dening Rahwana ing wana Dhandhaka , nganti
kakurung ing taman Argasoka. Dewi Sinta njlentrehake kasangsarane. Uga
mratelakake menawa ing sajroning rong
sasi, Dewi Sinta ora nungkul marang
Rahwana bakal diperjaya. Sawise ngudarasa kabeh kang dilakoni, Dewi Sinta
paring cundhamanik kancing rambut supaya diaturake Prabu Ramawijaya.
Sawise nampani cundhamanik lan wis mangerteni
kahanane Dewi Sinta, Anoman nyuwun pamit. Sadurunge mundur saka ngarsane Dewi Sinta, Anoman matur supaya ora kuwatir jalaran
sedela maneh Prabu Rama bakal rawuh ngirid bala wadya tantra wanara.
Sadurunge bali Anoman sumedya nyoba kekuwatane
bala Alengka. Anoman kridha, taman diowat-awut barang-barang kang ana dirusak.
Wadya raseksa ngebyuk nyerang Anoman. Akeh sing tiba kabentus kagiles kaideg
klenger lan mati, katrajang pangamuking Rewandaseta. Wadya danawa kang
dipandhegani Indrajit gemrudug ngoyak nyerang Anoman. Anoman kacekel, kakecrek,
kalarak, kaadhepake Rahwana. Anoman arep kapidana pati nanging ora sida,
jalaran Anoman iku minangka utusan nagara. Adhedhasar paugeran bawana, utusan
nagara ora kena dipateni sarta kudu diurmati. Anoman sluman slumun slamet
nanging tetep oleh ukuman. Buntute diblebet gombal banjur dicelup lenga patra
terus diobong.
Dewi Sinta mireng pawarta bab kadadeyan iku.
Panjenengane ndedonga, nyenyuwun marang Gusti supaya Anoman ora kobong. Buntute
Anoman dadi obor makantar-kantar. Anoman trus mlumpat nylangkrik ing sandhuwure payon, karo ngobat-abitake buntute. Ora
suwe payoning kraton kobar. Terus mremen, wewangunan-wewangunan kraton lan isen-isene. Kraton Alengka dadi
karang abang, dadi segara geni. Wondene Anoman waras-wiris seger buger ora
kobong trus kumleyang mudhun njegur sagara. Para wanara rame surak-surak mapag
baline Palwagaseta. Banjur bebarengan bali menyang Kiskendha sowan marak Rama.
TUGAS
Wangsulana pitakon-pitakon iki
langsung ing Buku Pendamping!
1.
Ana ngendi Dewi Sinta disingitake
Rahwana?
2.
Anoman diutus Prabu Ramawijaya nggoleki sapa?
3.
Apa buktine menawa Anoman iku utusane Prabu
Ramawijaya?
4.
Anggada iku putrane sapa?
5.
Sebutna piwulang becik apa wae sing
bisa kokjupuk
saka crita wayang Ramayana Anoman Duta!
6.
Sapa sing ngancani lan ngarih-arih Dewi Sinta supaya ora susduk slira?
7.
Indrajit kuwi apane Prabu Dasamuka?
8.
Nalika diukum obong dening Prabu Dasamuka kenapa Anoman ora mati?
9.
Apa sing ditindakake dening Anoman nalika diukum obong?
10. Sapa sejatine Palwagaseta iku?


Komentar
Posting Komentar