Tugas Pacelathon Kelas VIII



Penganggo unggah-ungguh basane Sholeh ing pacelahon iki ora trep. 
Owahana ature Sholeh marang Pak Fajar nganggo unggah-ungguh basa krama alus!

Sholeh        :  Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Pak Fajar    :  Wa’alaikumsalam Wr. Wb. Mangga. Oo, Mas Sholeh. Ana apa Mas?”

Sholeh        :  Iya, Pak Fajar. Aku arep takon bab dhokar, kanggo tugas sekolah.”

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  O, ya. Lungguh kene! Arep nyuwun pirsa apa wae?”

Sholeh        :  Bapak awit kapan dadi kusir dhokar?”

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  Aku wis pitung taun iki.”

Sholeh        :  Dhokar kuwi duweke Bapak dhewe?”

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  Iya, iki dhokarku dhewe. Wis turun temurun.”

Sholeh        :  “Sadina Bapak entuk kasil pira?

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  “Ora mesthi, Mas. Kadhang bisa seket ewu luwih. Nanging yen lagi sepi malah bisa ora entuk dhuwit. Ora kaya biyen, saiki penghasilane kusir dhokar mung sathithik.”

Sholeh        :  “Kok bisa kaya ngono, Pak?”

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  “Dhokar saiki wis sepi penumpang. Wong-wong luwih milih tetumpakan sing luwih cepet, sing nganggo mesin. Dhokar mung payu kanggo ibu-ibu sing nggawa blanjanan akeh saka pasar utawa simbah-simbah sing pengen ngejak putune karo ngenalke kewan jaran. Padahal jarane butuh mangan lan ngrumati jaran kuwi ora gampang.

Sholeh        :  Pakane jaran kuwi apa wae Pak?

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  “Ya suket, kadhang takpakani bodin, katul, karo tetes. Terus dakweneni jamu endhog ayam kampung mentah lan vitamin.”

Sholeh        :  “Wah, kaya wong bae ya, Pak. Diwenehi jamu lan vitamin ana apa.”

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  “Iya. Jaran kudu sehat ben bisa kanggo nggolek nafkah. Jaran uga kudu diresiki, disikat, dirawat kukune, lan dijaga kesehatane. Ora mung kuwi, gerobage dhewe uga butuh perawatan.

Sholeh        :  “Terus, genea Bapak tetep gelem dadi kusir dhokar?”

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  “Iki pegawean wis turun temurun, Mas. Pesene simbahku biyen, tetumpakan tradisional kudu dilestarekake ben ora ilang kagerus jaman. Sanajan kasile sethithik nanging yen dilakoni kanthi ikhlas lan temenanan Insya Allah berkah.

Sholeh        :  “O ngono. Aku melu ndongakake muga-muga Bapak rejekine lancar.

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    : “Ya, matur nuwun Mas.

Sholeh        :  “Ya wis, Pak. Wis cukup. Makasih nemen ya, wis gelem menehi informasi. Aku dakpamit dhisik. Assalamu’alaikum.

                     ........................................................................................................................

Pak Fajar    :  “Oh ya Mas Sholeh. Padha-padha. Waalaikumsalam.


(Tulis jawabane wae ing Buku Pendamping halaman 56-57)

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA LENGKAP

GEGURITAN

HOMONIM HOMOGRAF HOMOFON ING BASA JAWA