Tugas Pacelathon Kelas VIII
Sholeh : “Assalamu’alaikum Wr. Wb.”
Pak Fajar : “Wa’alaikumsalam Wr. Wb. Mangga. Oo, Mas Sholeh. Ana apa Mas?”
Sholeh : “Iya, Pak Fajar.
Aku arep takon bab dhokar, kanggo tugas sekolah.”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “O, ya. Lungguh
kene! Arep nyuwun pirsa apa wae?”
Sholeh : “Bapak awit kapan
dadi kusir dhokar?”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Aku wis pitung
taun iki.”
Sholeh : “Dhokar kuwi
duweke Bapak dhewe?”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Iya, iki
dhokarku dhewe. Wis turun temurun.”
Sholeh : “Sadina Bapak entuk kasil pira?”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Ora mesthi, Mas. Kadhang bisa seket ewu luwih. Nanging yen
lagi sepi malah bisa ora entuk dhuwit. Ora kaya biyen, saiki
penghasilane kusir dhokar mung sathithik.”
Sholeh : “Kok bisa kaya ngono, Pak?”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Dhokar saiki wis sepi penumpang. Wong-wong
luwih milih tetumpakan sing luwih cepet, sing nganggo mesin. Dhokar mung payu
kanggo ibu-ibu sing nggawa blanjanan akeh saka pasar utawa simbah-simbah sing
pengen ngejak putune karo ngenalke kewan jaran. Padahal jarane butuh mangan lan ngrumati jaran kuwi ora gampang.”
Sholeh : “Pakane jaran
kuwi apa wae Pak?”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Ya suket, kadhang takpakani bodin, katul,
karo tetes. Terus dakweneni jamu
endhog ayam kampung mentah lan vitamin.”
Sholeh : “Wah, kaya wong bae ya, Pak. Diwenehi jamu lan vitamin ana
apa.”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Iya. Jaran kudu sehat ben bisa kanggo nggolek
nafkah. Jaran uga kudu diresiki, disikat, dirawat kukune, lan dijaga
kesehatane. Ora mung kuwi, gerobage dhewe uga butuh perawatan.”
Sholeh : “Terus, genea Bapak tetep gelem dadi kusir dhokar?”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Iki pegawean wis turun temurun, Mas. Pesene
simbahku biyen, tetumpakan tradisional kudu dilestarekake ben ora ilang kagerus
jaman. Sanajan kasile sethithik nanging yen dilakoni kanthi ikhlas lan
temenanan Insya Allah berkah.”
Sholeh : “O ngono. Aku melu ndongakake muga-muga Bapak rejekine lancar.
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar :
“Ya, matur nuwun Mas.
Sholeh : “Ya wis, Pak. Wis cukup. Makasih nemen ya, wis
gelem menehi informasi. Aku dakpamit dhisik. Assalamu’alaikum.”
“........................................................................................................................ ”
Pak Fajar : “Oh ya Mas Sholeh. Padha-padha. Waalaikumsalam.”
(Tulis jawabane wae ing Buku Pendamping halaman 56-57)

Nggih buu
BalasHapus